Kurniawan Junaedhie

Kurniawan Junaedhie
Kurniawan Junaedhie
Lair (1956-11-24) Novèmber 24, 1956 (umur 67)
Indhonésia Magelang, Jawa Tengah, Indonésia
PakaryanSastrawan

Kurniawan Junaedhie (lair ing Kutha Magelang, Jawi Tengah, 24 Novèmber 1956; umur 67 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan saking Indonésia. Wiwitan nyerat wonten ing rubrik laré-laré Si Kancil, kalawarta Liberty, Surabaya, awit taksih sinau wonten sekolah dhasar. Piyambakipun nganggit geguritan lan cita cekak taun 1974 lan dipunmot wonten sawenèh ariwarta lan kalawarta antawisipun Horison, Kompas, Suara Karya, Suara Merdeka, Berita Nasional, Masa Kini, Jurnal Indonésia, Suara Pembaruan, lan Sinar Harapan. Pakaryanipun ingkang sampun kababar inggih punika Rumpun Bambu (1975), Armagedon (1976), Waktu Naik Kereta Listrik (1997). Kajawi nggelar pamaosan geguritan, piyambakipun ugi asring dipunulemi minangka juri pamaosan geguritan. Penyanyi Neno Warisman inggih salah satunggalipun panyarta ingkang naté dipunbiji Kurniawan Junaedhi nalika ndhèrèk adon-adon pamaosan geguritan. Kurniawan Junaedhie kalebet salah satunggalipun sastrawan ingkang ndhèrèk ngadegaken Bebrayan Ageng Negeri Poci sesarengan Piek Ardijanto Soeprijadi, Adri Darmadji Woko, Widjati, Handrawan Nadesul, Eka Budianta, lan Rahadi Zakaria, ing taun 1993. Bebrayan punika saben taun mbabar buku kempalan geguritan kanthi sesirah Dari Negeri Poci, lan taun 2017 sampun ngancik sèri pitu.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy